Lebih Teliti Beli Tanah Kavling Petok/Leter C Ben Gak Ngenes Bendol Mburi

LEBIH TELITI PADA SAAT BELI TANAH KAVLING PETOK/LETER C BEN GAK NGENES AKHIRE




Aku coba bagikan pengalaman cerita pembeli tanah supaya dolor dolor laine sing moco iki lebih ati ati nek kate tuku kavlingan surate PETOK / LETER C


Tahun 2015 tuku tanah kavlingan nang sukodono sidoarjo, saat transaksi langsung notaris di gawekno PIJB notaris, tak pikir wes tanda tangan notaries wes enak ,wes jelas , wes aman.
Penyesalan iku mulai tak rasakno waktu nyoba ngurus surat teko notaries iku tak urus supoyo dadi SHM nang BPN dolor , lah nang kene ceritane nyesel iku mulai sampek loro ati. Ternyata tanah kavling sing tak tuku iki riwayate duoooowoooo , penjuale sakdurunge iku tuku tanah teko wong liyo trus tanah iku teko riawayat waris teko penjual sakdurunge urusan pajek sakdurunge gak diberesno ambek sing dodolan kavling , wes nek di ceritakno gak cukup saklembar dewe duowwwoooo koyok sepur … intine nang kene dolor. Aku kudu nanggung biaya Pajak Penjual dan pembeli gak cukup jual beli teko aku nang penjual kavling tapi pajak sakdurunge yooo ternyata durung di bayar karo sing dodolan kavling istilahe nang notaries iku PIJB BERTINGKAT… total pajek sing kudu tak bayar bengkak sampek 12nyuto iku pajak tok dolor isok gawe tuku bronfit iki during biaya surat surat deso ambek ngurus nang BPN loh mboh piro maneng engko ….. iki wes mulai ngenes… tak takokno notarise kok gak disebutno iki pajak pajak pada saat PIJB , lah dalah alasane notarise biyen waktu jual beli iku duduk nang notaries langsung ternyata gunankno jasa freelance… wes mentok jedok dadine

Iki saranku nang dolorku supoyo isok pengalamanku iki gawe pelajaran trus dijupuk hikmae



1. Nek kate tuku kavlingan surate sek petok takono nang penjuale iki tanah sing didol sakdurunge iku pernah PIJB opo gak , nek wonge gak ngaku carane takon ae nang notarise pada saat kate IJB nek pernah PIJB sakdurunge tau PIJB bertingkat takono maneng pajeke sakdurunge wes dibayar opo durung , nek durung mending urungno ae dari pada bendol buri dolor ngenes



2. Jaluko surat jual beli teko deso asli nek isok nek gak isok copy legalisire teko deso jaluko 5 lembar minimal… soale engko iku perlu



3. Wocoen surat IJB teko notaries soale isok jadi onok pasal pasal sing ngerugekno awak dewe, koyok kasus sing tak alami aku gak moco yo gak diwacakno pada saat IJB ternyata onok pasal sing munine nek pajak iku di tanggung pembeli kabeh.. wes remek nek ngene iki



4. Nek awakmu tuku cash tanah kavlinge , nek isok jaluko langsung ngurus peningkatan nang SHM , tukuo blangko peningkatan hak nang BPN mek 30ewu , soale butuh surat riwayat tanah iki teko deso plus tanda tangan lurah dolor ,, lah iki yoo biayanen lumayan soale mending awakmu jaluko langsung pada saat pelunasan ben gak onok biaya biaya



5. Nek isok lokasimu nek wes mari tuku kavlingan langsung pasangen patok tanah permanen .. mboh di pondasi sitik ae pojok pojoke ben nek di tinggal suwe gak berubah utowo ilang patoke…



Wes sakmene dilek curhatku yo dolor ,iki sek berjuang dolok duit bayar pajek trus ngurus nang BPN mengko kapan kapan tak sambung maneng , intenine DADIO PEMBELI SING PINTER , CERDAS ojo gelem di apusi , SING TELITI nek moco surat surat notaries ato surat laine ben gak nyesel .. semoga iki isok gawe pangalaman dolor kabeh.. nek onok salahe tulisan iki aepurane yo dolor...tak dungakno kabeh sehat yoo dolor ..sehat awake sehat dompete aminnnn

Bermasalah dengan kesehatan (khusus kewanitaan) rahim turun, kengser, terbalik, menyembul keluar, kesuburan sakit berat atau ringan GARANSI SEMBUH terapi pijat KLIK DISINI!!!


BERJUANG HAMIL TETAPI BELUM ADA HASIL? Ini solusi terapi pijat kesuburan, Insah Allah segera mempunyai keturunan, Bahkan puluhan menanti terapi pijat KLIK DISINI!!!
Archive Blog
Label
Tampilkan selengkapnya (+2061)
Tampilkan lebih sedikit